Atur Nampi Pasrah Temanten ( Sederhana )
Garis besar panampi :
1. Mengucapkan salam
2. Menyambut Kedatangan
3. Menerima salam
4. Menerima calon pengantin dll
5. Mempersilahkan duduk dan meminta doa untuk pengantin
6. memohon maaf
Contoh Atur Penampi Pasarh Temanten
Assalamu alaikum wr wb
1.Para Alim, Ulama ,
Kiai, Ustadz ingkang kinurmatan
2. Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten..
3. Panjenenganipun Bapa ………. minangka sulih sarira saking bopo …………. (ingkang tuhu kinurmatan.
3. Para rawuh kakung sumawana putri
ingkang bagya mulya.
Kanthi ngonjukaken raos syukur
dhumateng Allah SWT - Gusti Ingkang Maha Agung,, Sholawat Saha salam. katur
dumateng Nabi Muhammad SAW
kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. ……………. sekalian Ibu ………. keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan Nampi pasrah saking kulawarga BOPO ………………………….
Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa …………………. sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing
sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp ……………….
sapendherek,
Kaping kalih, menggah salam taklim bopo ……………….. sekalian lumantar panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur “wa'alaikumussalam wr.wb”
Wontene temanten sarimbit nun inggih BAGUS ……………… ingkang sampun kaleksanan Ijab Qabul daup kalian RORO ………………. , kala dinten …………….. 11 Oktober 2022, surya 08.00 enjang, panjenenganipun Bp………… , sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.
--- saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun
satata samapta, temanten kekalih tumunten sampun kalenggahaken, manut
tatacara lan pradatan ingkang lumampah wonten kampung …………………….. mriki
----dumateng Bapa ………………. sak-penderek, kula aturi pinarak
lenggah wonten papan ingkang sampung kasediaaken
Panyuwunipun Bopo ………………….. dalasan kulawarga, mugi panjenengan sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.
pangestu, mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki
ngantos dumugi dalem, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal
punapa.
Comments
Post a Comment